Ramalan Jayabaya

 

Ramalan Jayabaya adalah salah satu ramalan asal Indonesia yang populer. Ramalan Jayabaya ini dibuat oleh seorang raja Nusantara bernama Prabu Jayabaya. Prabu Jayabaya yang merumuskan Ramalan Jayabaya ini berasal dari Kerajaan Kediri dengan masa pemerintahan tahun 1133 - 1157.


dibawah ini adalah beberapa ramalan jayabaya ini hanya sebatas referensi, jika ingin lengkap silahkan cari buku nya.

Besuk yen wis ana kereta tanpa jaran
- Tanah Jawa kalungan wesi
- Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang
- Kali ilang kedhunge
- Pasar ilang kumandhang

Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak
- Bumi saya suwe saya mengkeret
- Sekilan bumi dipajeki
- Jaran doyan mangan sambel
- Wong wadon nganggo pakeyan lanang

Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman
- Akeh janji ora ditetepi
- Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe
- Manungsa padha seneng nyalahne
- Ora ngendahake hukum Hyang Widhi
- Barang jahat diangkat-angkat
- Barang suci dibenci
- Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit
- Lali kamanungsan
- Lali kabecikan
- Lali sanak lali kadang
- Akeh bapa lali anak
- Akeh anak wani nglawan ibu
- Nantang bapa
- Sedulur padha cidra
- Kulawarga padha curiga
- Kanca dadi mungsuh
- Akeh manungsa lali asale
- Hukuman Ratu ora adil
- Akeh pangkat sing jahat lan ganjil
- Akeh kelakuan sing ganjil
- Wong apik-apik padha kapencil
- Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin
- Luwih utama ngapusi
- Wegah nyambut gawe
- Kepingin urip mewah
- Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka
- Wong bener thenger-thenger
- Wong salah bungah
- Wong apik ditampik-tampik
- Wong jahat munggah pangkat
- Wong agung kasinggung
- Wong ala kapuja
- Wong wadon ilang kawirangane
- Wong lanang ilang kaprawirane
- Akeh wong lanang ora duwe bojo
- Akeh wong wadon ora setya marang bojone
- Akeh ibu padha ngedol anake
- Akeh wong wadon ngedol awake
- Akeh wong ijol bebojo
- Wong wadon nunggang jaran
- Wong lanang linggih plangki
- Randha seuang loro
- Perawan seaga lima
- Dhudha pincang laku sembilan uang
- Akeh wong ngedol ngelmu
- Akeh wong ngaku-aku
- Njabane putih njerone dhadhu
- Ngakune suci, nanging sucine palsu
- Akeh bujuk akeh lojo
- Akeh udan salah mangsa
- Akeh prawan tuwa
- Akeh randha nglairake anak
- Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne
- Agama akeh sing nantang
- Prikamanungsan saya ilang
- Omah suci dibenci
- Omah ala saya dipuja
- Wong wadon lacur ing ngendi-endi
- Akeh laknat
- Akeh pengkianat
- Anak mangan bapak
- Sedulur mangan sedulur
- Kanca dadi mungsuh
- Guru disatru
- Tangga padha curiga
- Kana-kene saya angkara murka
- Sing weruh kebubuhan
- Sing ora weruh ketutuh

Besuk yen ana peperangan
- Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor
- Akeh wong becik saya sengsara
- Wong jahat saya seneng
- Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul
- Wong salah dianggep bener
- Pengkhianat nikmat
- Durjana saya sempurna
- Wong jahat munggah pangkat
- Wong lugu kebelenggu
- Wong mulya dikunjara
- Sing curang garang
- Sing jujur kojur
- Pedagang akeh sing keplarang
- Wong main akeh sing ndadi
- Akeh barang haram
- Akeh anak haram
- Wong wadon nglamar wong lanang
- Wong lanang ngasorake drajate dhewe
- Akeh barang-barang mlebu luang
- Akeh wong kaliren lan wuda
- Wong tuku ngglenik sing dodol
- Sing dodol akal okol
- Wong golek pangan kaya gabah diinteri
- Sing kebat kliwat
- Sing telah sambat
- Sing gedhe kesasar
- Sing cilik kepleset
- Sing anggak ketunggak
- Sing wedi mati
- Sing nekat mbrekat
- Sing jerih ketindhih
- Sing ngawur makmur
- Sing ngati-ati ngrintih
- Sing ngedan keduman
- Sing waras nggagas
- Wong tani ditaleni
- Wong dora ura-ura
- Ratu ora netepi janji, musna panguwasane
- Bupati dadi rakyat
- Wong cilik dadi priyayi
- Sing mendele dadi gedhe
- Sing jujur kojur
- Akeh omah ing ndhuwur jaran
- Wong mangan wong
- Anak lali bapak
- Wong tuwa lali tuwane
- Pedagang adol barang saya laris
- Bandhane saya ludhes
- Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan
- Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara
- Sing edan bisa dandan
- Sing bengkong bisa nggalang gedhong
- Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil
- Ana peperangan ing njero, Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham
- Durjana saya ngambra-ambra
- Wong apik saya sengsara
- Akeh wong mati jalaran saka peperangan
- Kebingungan lan kobongan
- Wong bener saya thenger
- Wong salah saya bungah-bungah
- Akeh bandha musna ora karuan lungane
- Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe
- Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram
- Bejane sing lali, bejane sing eling
- Nanging sauntung-untunge sing lali Isih untung sing waspada
- Angkara murka saya ndadi
- Kana-kene saya bingung
- Pedagang akeh alangane
- Akeh buruh nantang juragan
- Juragan dadi umpan
- Sing suwarane seru oleh pengaruh
- Wong pinter diingar
- Wong ala diuja
- Wong ngerti mangan ati
- Bandha dadi memala
- Pangkat dadi pemikat
- Sing sawenang-wenang rumangsa menang
- Sing ngalah rumangsa kabeh salah
- Ana Bupati saka wong sing asor imane
- Patihe kepala judhi
- Wong sing atine suci dibenci
- Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat
- Pemerasan saya ndadra
- Maling lungguh wetenge mblenduk
- Pitik angrem saduwure pikulan
- Maling wani nantang sing duwe omah
- Begal pada ndhugal
- Rampok padha keplok-keplok
- Wong momong mitenah sing diemong
- Wong jaga nyolong sing dijaga
- Wong njamin njaluk dijamin
- Akeh wong mendem donga
- Kana-kene rebutan unggul
- Angkara murka ngombro-ombro
- Agama ditantang
- Akeh wong angkara murka
- Nggedhekake durhaka
- Ukum agama dilanggar
- Prikamanungsan di-iles-iles
- Kasusilan ditinggal
- Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi
- Wong cilik akeh sing kepencil Amarga dadi korbane si jahat sing jajil, 
- Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit Negarane ambane saprawolon
- Tukang mangan suap saya ndadra
- Wong jahat ditampa
- Wong suci dibenci
- Timah dianggep perak
- Emas diarani tembaga
- Dandang dikandakake kuntul
- Wong dosa sentosa
- Wong cilik disalahake
- Wong nganggur kesungkur
- Wong sregep krungkep
- Wong nyengit kesengit
- Buruh mangluh
- Wong sugih krasa wedi
- Wong wedi dadi priyayi
- Senenge wong jahat
- Susahe wong cilik
- Akeh wong dakwa dinakwa
- Tindake manungsa saya kuciwa
- Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi
- Wong Jawa kari separo
- Landa-Cina kari sejodho
- Akeh wong ijir, akeh wong cethil
- Sing eman ora keduman
- Sing keduman ora eman
- Akeh wong mbambung
- Akeh wong limbung

Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka

- polahe wong Jawa kaya gabah diinteri\ endi sing bener endi sing sejati\ para tapa padha ora wani\ padha wedi ngajarake piwulang adi\ salah-salah anemani pati\

- banjir bandang ana ngendi-endi\ gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni\ gehtinge kepathi-pati marang pandhita kang oleh pati geni\ marga wedi kapiyak wadine sapa sira sing sayekti\

- pancen wolak-waliking jaman\ amenangi jaman edan\ ora edan ora kumanan\ sing waras padha nggagas\ wong tani padha ditaleni\ wong dora padha ura-ura\ beja-bejane sing lali,\ isih beja kang eling lan waspadha\

- ratu ora netepi janji\ musna kuwasa lan prabawane\ akeh omah ndhuwur kuda\ wong padha mangan wong\ kayu gligan lan wesi hiya padha doyan\ dirasa enak kaya roti bolu\ yen wengi padha ora bisa turu\

- sing edan padha bisa dandan\ sing ambangkang padha bisa\ nggalang omah gedong magrong-magrong\

- wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludes\ akeh wong mati kaliren gisining panganan\ akeh wong nyekel bendha ning uriping sengsara\

- wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil\ sing ora abisa maling digethingi\ sing pinter duraka dadi kanca\ wong bener sangsaya thenger-thenger\ wong salah sangsaya bungah\ akeh bandha musna tan karuan larine\ akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan sebabe\

- bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret\ sakilan bumi dipajeki\ wong wadon nganggo panganggo lanang\ iku pertandhane yen bakal nemoni\ wolak-walike zaman\

- akeh wong janji ora ditepati\ akeh wong nglanggar sumpahe dhewe\ manungsa padha seneng ngalap,\ tan anindakake hukuming Allah\ barang jahat diangkat-angkat\ barang suci dibenci\

- akeh wong ngutamakake royal\ lali kamanungsane, lali kebecikane\ lali sanak lali kadang\ akeh bapa lali anak\ akeh anak mundhung biyung\ sedulur padha cidra\ keluarga padha curiga\ kanca dadi mungsuh\ manungsa lali asale\

- ukuman ratu ora adil\ akeh pangkat jahat jahil\ kelakuan padha ganjil\ sing apik padha kepencil\ akarya apik manungsa isin\ luwih utama ngapusi\

- wanita nglamar pria\ isih bayi padha mbayi\ sing pria padha ngasorake drajate dhewe\

- wong golek pangan pindha gabah den interi\ sing kebat kliwat, sing kasep kepleset\ sing gedhe rame, gawe sing cilik keceklik\ sing anggak ketenggak, sing wedi padha mati\ nanging sing ngawur padha makmur\ sing ngati-ati padha sambat kepati-pati\

- cina alang-alang keplantrang dibandhem nggendring\ melu Jawa sing padha eling\ sing tan eling miling-miling\ mlayu-mlayu kaya maling kena tuding\ eling mulih padha manjing\ akeh wong injir, akeh centhil\ sing eman ora keduman\ sing keduman ora eman\

- selet-selete yen mbesuk ngancik tutuping tahun\ sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu\ bakal ana dewa ngejawantah\ apengawak manungsa\ apasurya padha bethara Kresna\ awatak Baladewa\ agegaman trisula wedha\ jinejer wolak-waliking zaman\ wong nyilih mbalekake,\ wong utang mbayar\ utang nyawa bayar nyawa\ utang wirang nyaur wirang\

- sadurunge ana tetenger lintang kemukus lawa\ ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan bener\ lawase pitung bengi,\ parak esuk bener ilange\ bethara surya njumedhul\ bebarengan sing wis mungkur prihatine manungsa kelantur-lantur\ iku tandane putra Bethara Indra wus katon\ tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa\

- dunungane ana sikil redi Lawu sisih wetan\ wetane bengawan banyu\ andhedukuh pindha Raden Gatotkaca\ arupa pagupon dara tundha tiga\ kaya manungsa angleledha\

- akeh wong dicakot lemut mati\ akeh wong dicakot semut sirna\ akeh swara aneh tanpa rupa\ bala prewangan makhluk halus padha baris, pada rebut benere garis\ tan kasat mata, tan arupa\ sing madhegani putrane Bethara Indra\ agegaman trisula wedha\ momongane padha dadi nayaka perang\ perange tanpa bala\ sakti mandraguna tanpa aji-aji

- apeparap pangeraning prang\ tan pokro anggoning nyandhang\ ning iya bisa nyembadani ruwet rentenging wong sakpirang-pirang\ sing padha nyembah reca ndhaplang,\ cina eling seh seh kalih pinaringan sabda hiya gidrang-gidrang\

- putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu\ hiya yayi bethara mukti, hiya krisna, hiya herumukti\ mumpuni sakabehing laku\ nugel tanah Jawa kaping pindho\ ngerahake jin setan\ kumara prewangan, para lelembut ke bawah perintah saeko proyo\ kinen ambantu manungso Jawa padha asesanti trisula weda\ landhepe triniji suci\ bener, jejeg, jujur\ kadherekake Sabdopalon lan Noyogenggong\

- pendhak Sura nguntapa kumara\ kang wus katon nembus dosane\ kadhepake ngarsaning sang kuasa\ isih timur kaceluk wong tuwa\ paringane Gatotkaca sayuta\

- idune idu geni\ sabdane malati\ sing mbregendhul mesti mati\ ora tuwo, enom padha dene bayi\ wong ora ndayani nyuwun apa bae mesthi sembada\ garis sabda ora gentalan dina,\ beja-bejane sing yakin lan tuhu setya sabdanira\ tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa\ nanging inung pilih-pilih sapa\

- waskita pindha dewa\ bisa nyumurupi lahire mbahira, buyutira, canggahira\ pindha lahir bareng sadina\ ora bisa diapusi marga bisa maca ati\ wasis, wegig, waskita,\ ngerti sakdurunge winarah\ bisa pirsa mbah-mbahira\ angawuningani jantraning zaman Jawa\ ngerti garise siji-sijining umat\ Tan kewran sasuruping zaman\

- mula den upadinen sinatriya iku\ wus tan abapa, tan bibi, lola\ awus aputus weda Jawa\ mung angandelake trisula\ landheping trisula pucuk\ gegawe pati utawa utang nyawa\ sing tengah sirik gawe kapitunaning liyan\ sing pinggir-pinggir tolak colong njupuk winanda\

- sirik den wenehi\ ati malati bisa kesiku\ senenge anggodha anjejaluk cara nistha\ ngertiyo yen iku coba\ aja kaino\ ana beja-bejane sing den pundhuti\ ateges jantrane kaemong sira sebrayat\

- ing ngarsa Begawan\ dudu pandhita sinebut pandhita\ dudu dewa sinebut dewa\ kaya dene manungsa\ dudu seje daya kajawaake kanti jlentreh\ gawang-gawang terang ndrandhang\

- aja gumun, aja ngungun\ hiya iku putrane Bethara Indra\ kang pambayun tur isih kuwasa nundhung setan\ tumurune tirta brajamusti pisah kaya ngundhuh\ hiya siji iki kang bisa paring pituduh\ marang jarwane jangka kalaningsun\ tan kena den apusi\ marga bisa manjing jroning ati\ ana manungso kaiden ketemu\ uga ana jalma sing durung mangsane\ aja sirik aja gela\ iku dudu wektunira\ nganggo simbol ratu tanpa makutha\ mula sing menangi enggala den leluri\ aja kongsi zaman kendhata madhepa den marikelu\ beja-bejane anak putu\

- iki dalan kanggo sing eling lan waspada\ ing zaman kalabendu Jawa\ aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa\ cures ludhes saka braja jelma kumara\ aja-aja kleru pandhita samusana\ larinen pandhita asenjata trisula wedha\ iku hiya pinaringaning dewa\

- nglurug tanpa bala\ yen menang tan ngasorake liyan\ para kawula padha suka-suka\ marga adiling pangeran wus teka\ ratune nyembah kawula\ angagem trisula wedha\ para pandhita hiya padha muja\ hiya iku momongane kaki Sabdopalon\ sing wis adu wirang nanging kondhang\ genaha kacetha kanthi njingglang\ nora ana wong ngresula kurang\ hiya iku tandane kalabendu wis minger\ centi wektu jejering kalamukti\ andayani indering jagad raya\ padha asung bhekti\

Post a Comment